Powered By Blogger

Laman

Rabu, 26 Mei 2010

MERDEKA KOK BINGUNG

Durung sawetara suwé, aku weruh gapura dhésa sing macak tulisan rada nganyelaké surasané. Ing gapura sing kiwa, ana tulisan Merdeka ing sangisoré gambar lintang cacah telu. Sing tengen, tulisané nyolok rasa: Kok Bingung?. Uga ana sangisoré lintang jèjèr telu. Ngemu karep apa, aku ora mudheng. Lintang, pancèn kudu ana ndhuwur panggonané.

Gapura Bingung

Gapura Bingung

Begjané, tulisan kaya mangkono iku kapacak ana gapura ing jaman padhang. Saumpama Pak Harto isih kuwasa, Ketua RT Dhusun Kebonan, Dhésa Ngawèn, Klatèn, kuwi mesthi wis dhèdhèl dhuwèl. Sing nulis mlebu mbui, lan sing duwé ada-ada bisa dicidhuk lan dipidana sakabot-aboté. Cap Éka-Èki, èkstrém kanan utawa èkstrém kiri, NII utawa PKI mesthi ditèmplèkaké marang uripé salawasé. KTP-né uga bakal nganggo kode.

Nanging sanajan saiki wis klebu jaman padhang, padhangé ya mung isih ana tata lair utawa sarwa wantah. Aja manèh mung ngèlèk-èlèk utawa ngrasani kahanan, ngécé presidèné waé ora papa, waton ora ‘nyerang secara pribadi’. Anané gela kanggoné sing nulis tembung Merdeka Kok Bingung?, bisa uga disebabaké déning polahé pemimpin sing isih padha seneng congkrah lan gawé susah.

Mbokmenawa, warga dhésa kana pancèn wis kesuwèn ngampet kuciwa. Anyel jalaran barang-barang sarwa larang, angèl tetukon amarga rekasa golèk upa. Bisa uga, tulisan iku digawé déning kadang nom-noman sing rumangsa cukup dhuwur sekolahé, nanging kapinterané ora bisa dicakaké, amarga ora bisa nutugaké nyambut gawé. Kaya grafiti, corètan dinding ungkapan isi hati dan rasa!

Protès? Bisa waé disebut mangkono. Apa manèh yèn ngèlingi tulisan iku dianggit ana gapura dhésa, pas kanggo pèngetan dina kamardikan Éndonésa sing kaping-63, taun 2008. Protès kapacak kanthi terang-terangan, ora nganggo tèdhèng aling-aling. Tegesé, setaun bethethet ditujokaké marang pamaréntahé.

Saumpama setaun sing wis kelakon ora ana owah-owahan kang bisa dirasakaké déning warga dhésa iku, mbokmenawa tulisan kuwi bakal luwih suwé manèh kapacak. Utawa, yèn perlu malah ditambah tulisan-tulisan liyané, sing luwih nylekit lan bisa dadi gaman kanggo ngélingaké pemimpiné.

Ngetokaké uneg-uneg bisa awujud apa waé, kapan waé lan ana ngendi waé.

Nanging kapan ana owah-owahan kahanan? Wong yèn digatèkaké, ditlesih lan dipétani, polahé wong-wong sing rumangsa duwé panguwasa padha duwé patrap padha: mblendhingaké wadhuké dhéwé, kanca lan seduluré. Carané, bisa awujud dum-duman proyèk lan sapanunggalané, bakuné bisa kanggo ngundhakaké cèlèngané. Ora pemerintahé, polahé para wakil rakyaté uga ora ana bédané.

Lintang Telu Marakaké Bingung

Lintang Telu Marakaké Bingung

Mbokmenawa, ing tlatah liya uga ana warna-warna cara lan wujudé, kaya sing durung suwé iki daktemoni ana Kampung Tegal Kuniran, Sala. Warga kana ngrasani kahanan gègèran sewelas taun kepungkur, yaiku obong-obongan lan jarah-jarahan kanthi gawé reca kang dijenengi Reca Jaman Édan. Akèh sedulur keturunan China pada dadi korbané. Ana sing tumeka ing pati, ana sing dadi mlarat ngempet, lan uga ora kurang sing dadi édan.

Muga-muga, jaman kang arep kelakon dadi tambah genah, pernah lan luwih éndah.

Lintang telu, muga-muga ora dadi sasmita anané ‘jéndral-jéndral pèngsiunan’ sing durung narima kamangka wis suwé urip mulya banjur padha pethakilan, sikut-sikutan, lan ndandani negara didadèkaké alesan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar